Rabu, 10 Maret 2010

Dandang Gulo




Dandang Gulo
Urip iku neng ndonya tan lami.
Umpamane jebeng menyang pasar.
Tan langgeng neng pasar bae.
Tan wurung nuli mantuk.

Mring wismane sangkane uni.
Ing mengko aja samar.
Sangkan paranipun.
Ing mengko podo weruha.
Yen asale sangkan paran duk ing nguni.
Aja nganti kesasar.

Yen kongsiho sasar jeroning pati.
Dadya tiwas uripe kesasar.
Tanpa pencokan sukmane.
Separan-paran nglangut.

Kadya mega katut ing angin.
Wekasan dadi udan.
Mulih marang banyu.
Dadi bali muting wadag.

Ing wajibe sukma tan kena ing pati
Langgeng donya akherat.

Wejangan
Sunan Kali Jogo


Hidup di dunia tidak lama
Seperti kamu pergi ke pasar
Tak selamanya di pasar saja
Tak lama terus pulang

Kerumah asal semula
Nanti kamu jangan ragu
Asal mulanya
Nanti kamu harus tahu

Kalau asal mulanya kan kembali
Jangan sapai tersesat
Kalau sampai tersesat ketika mati
Mati tapi sukmanya tersesat

Sukmanya melayang tak ada tujuan
Kemana mana nglangut
Seperi awan teriup angin
Akhirnya menjadi hujan

Kemabali jadi air
Ingin kembali dalam raga
Yang mestinya sukma itu tidak pernah mati
Langgeng di dunia dan akherat

Ditularkan
Liliek Rochmadi

0 komentar:

Posting Komentar

 
Free Host | new york lasik surgery | cpa website design